Psikologi

Lagi memperingati hari Ibu

Mingeti dinten ibu

Uwong kang seneng ngapusi, Nanging jaminane suwarga, yoiku “IBU”

Saben wayah, saben ndino direwangi kerjo ketekuk ringkel kanggo anak, awak sayah ora lumrah, Yen ngendiko, jare “IBU wis biasa”.

 

Yen olah² nyisihke lawuh kanggo anak, Bareng anak mulih IBU ngendika “Gek maem kae…. ono lawuh wong IBU ora pati seneng iwak”.

Yen lagi olah² mung sithik diajak maem anake, IBU ngendiko….”Wis gek maem….IBU ora luwe”.

 

Yen anak lagi lara,  nganti tengah wengi IBU nunggoni, Bareng anake nglilir, IBU ngendiko…..”Wis bobok maneh ben ndang sehat, IBU durung ngantuk”

Yen anak wis rampung sekolah iso kerjo arep ngaturi duwit, IBU ngendikan, Simpenen wae, kanggo celengan, IBU isih duwe duwit.

 

IBU ngapusi lan nutupi lelakon uripe sing sejatine.

IBU nganggep anak koyo Bocah cilik terus, katresnane marang ora luntur.

IBU…, Tansah nyumelangke kahanane anake, ora nggalih anake mau sumelang opo ora marang kahanane IBUne,

 

IBU ora mikir sepiro sugihe anake. IBU, ngapusi mergo roso ikhlas, luhur bebudene lan pengorbanane

Duh Gusti Allah….., Mugi Paduka paring pangapunten sedoyo kalepatanipun IBU, Paduka tampi sedoyo amal kesaenanipun IBU,

 

Mbok bilih mnbenjang Paduka kersa aken sowan kondur dhateng ngarsa Paduka, mugi Paduka paringaken papan Suwargo Paduka. Aamiin…..

Kagem ingkang tasih kagungan IBU mangga sami manengku puja syukur dhateng ngarsanipun  Allah.

 

Kita bekteni kanthi iklas tulusing manah IBU kita. Kita ladosi ingkang dados kabetahanipun.

Kita ugemi dhawuh2ipun. Kita dongaaken mugi mugi kasarasan, kabagyan tansah kajiwo kasaliro dumateng panjenenganipun. Aamiin…. (Muchtar AF; dari grup WA-VN)-FR

 

Terjemahan seekenanya oleh SSA

Ingat ibu

Orang yang senang membohongi tapi jaminannya surga, itulah ibu.

Tiap hari diniatkan kerja membanting tulang demi mengurus anaknya.

Badan lelah tidak lumrah, dia cuma bilang *udah biasa*

 

Ketika masak makanan pasti menyisihkan lauk pauk untuk anak., dan setelah anaknya pulang, segera disuruhnya  makan. Sekalipun  cuma sedikit, ibupun bilang: ” *makanlah nak, ibu belum lapar*”,

 

Kalau anak sedang sakit,  sampai tengah malam ditungguinya, dan ketika anak terbangun dia bilang: “Udah.  tidurlah lagi biar cepat sehat, ibu belum ngantuk”.

 

Ketika anak sdh tamat sekolah dan ingin memberi uang dari hasil kerjanya, ibu bilang : *”Simpan saja untuk tabungan, ibu masih punya uang”*

 

Ibu menutupi kehidupannya. Ibu menganggap anak anaknya sbg anak kecil terus.

Ibu selalu khawatir, tidak mikir bahwa anaknya justru mulai mengkhawatirkan keadaan dirinya.

 

Dia tidak berharap diberi berapapun kekayaan anaknya.

Ibu membohongi karena ikhlas, luhur budinya dan pengorbanannya (Soenarto SA; dari grup WA-VN)-FR

Tulisan Lainnya :

  • Tidak ditemukan tulisan
Tags

Related Articles

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *




Enter Captcha Here :

Lihat Juga
Close
Back to top button
Close
Close